terça-feira, 26 de maio de 2015

I YOHANES: Javanese, Indonesian


I YOHANES 11Apa kang wis ana ing wiwitan mula, kang wis padha dakrungu, kang wis padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wis padha dakwaspadakaké, sarta kang wis padha dakgrayang kalawan tanganku bab Sabdaning urip -- iya iku kang padha daktulis marang kowé. 2Urip iku wis kababar lan wis padha dakdeleng, sarta saiki aku kabèh padha dadi seksi lan martakaké marang kowé kabèh bab urip langgeng kang dumunung ana ing Sang Rama lan kang wis kalairaké marang aku kabèh. 3Apa kang wis padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakaké marang kowé kabèh, supaya kowé uga padha bisa tetunggalan karo aku kabèh. Lan tetunggalanku kabèh iku, tetunggalan karo Sang Rama lan Sang Putra, Yésus Kristus. 4Iku mau kabèh padha daktulis marang kowé, supaya kabungahanku dadi sampurna. 5Anadéné iki pawarta kang wis padha dakrungu saka Panjenengané lan dakwartakaké marang kowé kabèh: Allah iku pepadhang lan Panjenengané ora kadunungan pepeteng babar pisan. 6Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengané, mangka urip kita padha ana ing sajroning pepeteng, dadi kita padha goroh lan ora padha nindakaké apa kang bener. 7Nanging menawa urip kita padha ana ing sajroning pepadhang kayadéné Panjenengané iya ana ing pepadhang, dadi kita siji lan sijiné padha tetunggalan, sarta rahé Yésus, ingkang Putra iku, nucèkaké kita kabèh saka sakèhé dosa. 8Saupama kita padha ngaku ora duwé dosa, dadi kita padha ngapusi awak kita dhéwé lan padha ora kadunungan kayektèn. 9Menawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengané iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakèhé dosa kita, sarta nucèkaké kita saka sakèhing piala. 10Saupama kita padha ngaku ora gawé dosa, dadi kita padha nganggep Panjenengané dora, sarta pangandikané ora dumunung ana ing kita.


I YOHANES 21Anak-anakku, prakara iki daktulis marang kowé supaya kowé aja padha gawé dosa. Éwadéné menawa ana kang gawé dosa, kita padha duwé Pantara ana ing ngarsané Sang Rama, yaiku: Yésus Kristus kang adil. 2Iya Panjenengané iku kang dadi pangruwat tumrap sakèhé dosa kita lan ora mung kanggo dosa kita baé, nanging uga kanggo dosané wong sajagat kabèh. 3Déné titikané menawa kita padha wanuh marang Allah yaiku menawa kita padha netepi pepakèné. 4Sapa kang ngucap, "Aku wanuh Panjenengané," mangka ora netepi pepakèné, iku wong goroh lan ora kadunungan kayektèn. 5Ananging sapa baé kang netepi pangandikané, iku kang sanyata kadunungan sihing Allah kang sampurna; iya iku margané anggon kita padha sumurup, yèn kita padha dumunung ana ing Panjenengané. 6Sapa kang ngucap yèn nunggil karo Panjenengané, uripé wajib kaya sugengé Kristus. 7Para Sadulur kinasih, kang daktulis marang kowé iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wis ana ing kowé wiwit wiwitan mula. Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wis padha kokrungu. 8Éwasamono kang daktulis marang kowé iku, uga pepakon anyar, kang sanyata ana ing Panjenengané lan ana ing kowé, amarga pepeteng iku lagi sirna lan pepadhang kang sejati wis sumunar. 9Sing sapa ngucap yèn dumunung ana ing pepadhang, nanging sengit marang saduluré tunggal pracaya, iku isih dumunung ana ing pepeteng nganti sapréné. 10Sing sapa tresna marang saduluré tunggal pracaya, iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora dadi sandhungan. 11Nanging sing sapa sengit marang saduluré tunggal pracaya, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng. Wong iku ora weruh menyang ngendi parané, amarga pepeteng mau wis gawé picaking mripaté. 12Hé, anak-anak, aku nulis marang kowé, awit dosamu wis padha kaapura marga saka asmané. 13Hé, para bapa, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha wanuh marang Panjenengané kang ing wiwitan mula wis ana. Hé, para wong anom, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha ngalahaké piala. 14Hé, anak-anak, aku nulis marang kowé, amarga kowé wis padha wanuh marang Sang Rama. Aku nulis marang kowé, hé, para bapa, amarga kowé padha wanuh marang Panjenengané, kang ing kala purwa wis ana. Aku nulis marang kowé, hé, para wong anom, amarga kowé padha santosa, sarta pangandikané Allah dumunung ana ing kowé lan kowé wis padha ngalahaké piala. 15Kowé kabèh aja padha nresnani donya lan samubarang kang ana ing kono. Menawa wong nresnani donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama. 16Sabab samubarang kang ana ing donya, yaiku pepénginané daging lan pepénginané mripat tuwin angkuhing urip, iku pinangkané ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya. 17Lan donya iki dalah pepénginané lagi sirna, nanging sapa wong kang nglakoni karsané Allah iku tetep urip ing salawas-lawasé. 18Anak-anakku, saiki-iki jaman kang wekasan. Lan kaya kang wis padha kokrungu yèn antikristus bakal teka, samengko iya wis akèh antikristus kang padha jumedhul. Kang mangkono iku dadi pratandha yèn saiki-iki jaman kang wekasan temenan. 19Pancèn asalé antikristus iku saka ing antara kita, nanging sanyatané padha dudu panunggalan kita; awit saupama temen-temen dadi panunggalan kita, mesthi tetep padha nunggal karo kita. Nanging iku kelakon mangkono, supaya tetéla yèn wong-wong iku kabèh dudu panunggalan kita. 20Balik kowé iku wis padha kajebadan déning Kang Suci lan marga saka mangkono kowé dadi padha mangerti. 21Aku nulis marang kowé iku ora marga kowé padha ora sumurup marang kayektèn, nanging iya marga kowé padha sumurup marang bab iku, lan uga marga kowé padha sumurup yèn sakèhing goroh iku ora ana kang asalé saka kayektèn. 22Sapa ta si pangawak goroh iku? Apa dudu kang nyélaki yèn Yésus iku Kristus? Iku antikristus, yaiku kang nyélaki marang Sang Rama lan Sang Putra. 23Amarga sapa baé kang nyélaki Sang Putra iku iya ora nduwèni Sang Rama. Sapa baé kang ngakoni Sang Putra, iya nduwèni Sang Rama. 24Mungguh ing kowé kabèh, apa kang wis padha kokrungu wiwit wiwitan mula, iku tetepa dumunung ana ing kowé. Menawa apa kang wis kokrungu wiwit wiwitan mula iku tetep dumunung ana ing kowé, kowé iya bakal padha tetep ana ing Sang Putra lan ana ing Sang Rama. 25Anadéné prasetya kang wis kaprasetyakaké déning Panjenengané piyambak marang kita, yaiku urip langgeng. 26Kabèh kang daktulis marang kowé iku mau, yaiku bab wong-wong kang sumedya nasaraké kowé. 27Sabab jebadan kang wis padha koktampani saka Panjenengané iku tetep ana ing kowé. Marga saka iku kowé padha ora prelu diwulang déning wong liya. Nanging kayadéné jebadan saka Panjenengané iku mulang marang kowé bab samubarang -- lan piwulangé iku nyata, ora goroh -- sarta kayadéné anggoné Panjenengané biyèn wis mulang marang kowé, mangkono uga kowé padha tetepa ana ing Panjenengané. 28Ing samengko, anak-anakku, padha tetepa ana ing Kristus, supaya samangsa Panjenengané ngatingal, kita padha kanthi tatag lan ora usah isin ana ing ngarsané bésuk ing dina rawuhé. 29Menawa kowé padha sumurup yèn Panjenengané iku leres, kowé iya padha mangertia yèn saben wong kang nglakoni apa kang bener, iku lairé saka Panjenengané.


I YOHANES 31Mangertia, iba gedhéné katresnan kang kaparingaké déning Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lan kita pancèn para putraning Allah. Mulané jagat ora wanuh marang kita, amarga jagat iku ora wanuh marang Panjenengané. 2Para Sadulurku kang kinasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kepriyé kaanan kita ing tembé. Nanging kita padha sumurup, samangsa Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengané, amarga kita bakal padha ndeleng kaananing Panjenengané ing sanyatané. 3Saben wong kang duwé pangarep-arep mangkono marang Panjenengané, wong iku nucèkaké awak kayadéné Panjenengané iku suci. 4Saben wong kang nglakoni dosa, iku uga nerak angger-anggeré Allah, sabab dosa iku panerak tumrap angger-anggering Allah. 5Lan kowé padha sumurup yèn anggoné Panjenengané wis rawuh, iku prelu mbirat sakèhing dosa, sarta Panjenengané iku ora kadunungan dosa. 6Saben wong kang tetep ana ing Panjenengané, iku ora gawé dosa manèh; saben wong kang tetep gawé dosa, iku ora tau weruh lan ora tau wanuh marang Panjenengané. 7Anak-anakku, kowé aja gelem disasaraké déning sapa baé. Sapa kang nindakaké apa kang bener iku kadunungan kayektèn, padha kaya Kristus iku leres. 8Sapa kang tetep nindakaké dosa, iku asalé saka Iblis, sabab Iblis anggoné gawé dosa wus wiwit wiwitan mula. Déné rawuhé Putraning Allah iku supaya nglebur sakèhing panggawéné Iblis. 9Saben wong kang lairé saka Allah, iku tansah ora nglakoni dosa; amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batiné, lan ora bisa tansah nglakoni dosa, amarga lairé saka ing Allah. 10Iki titikané para putraning Allah lan para anaké Iblis; sapa baé kang ora nindakaké apa kang bener iku asalé ora saka Allah, mangkono uga kang ora tresna marang saduluré tunggal pracaya. 11Sabab iya iki pawarta kang wis padha kokrungu saka wiwitan mula, yaiku supaya kita padha tresna-tinresnan. 12Aja kaya Kain, kang asalé saka si jahat sarta matèni adhiné. Apa sababé anggoné matèni iku? Amarga sakèhing panggawéné ala, lan panggawéning adhiné becik. 13Para Sadulur, aja padha gumun menawa jagat padha sengit marang kowé. 14Kita padha sumurup, yèn kita wis padha pindhah saka ing pati marang urip, yaiku marga kita padha tresna marang para Sadulur kita tunggal pracaya. Sapa wong kang ora nresnani, iku tetep dumunung ana ing pati. 15Saben wong kang sengit marang saduluré tunggal pracaya iku ateges matèni saduluré mau. Lan kowé padha sumurup, menawa wong sing seneng matèni iku ora kadunungan urip langgeng. 16Sarana iki anggon kita nyumurupi katresnané Kristus, yaiku: Panjenengané wis masrahaké nyawané kanggo kita; dadi kita iya padha duwé kuwajiban masrahaké nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita tunggal pracaya. 17Sapa sing uripé ing donya kalubèran, mangka weruh saduluré tunggal pracaya kacingkrangan, éwadéné nutup lawanging atiné tumrap saduluré mau, kepriyé bisané kasebut yèn katresnaning Allah tetep dumunung ing wong iku? 18Anak-anakku, anggon kita padha tresna aja kalawan tembung utawa ilat, nanging sarana panggawé sarta ing sajroning kayektèn. 19Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yèn asal kita iku saka ing kayektèn lan bisa nentremaké ati kita ana ing ngarsané Allah, 20samangsa ati kita melèhaké kita. Sabab kaagungané Allah iku ngluwihi ati kita sarta Panjenengané ngawuningani samubarang. 21Para Sadulurku kang kinasih, menawa ati kita ora melèhaké kita, dadi kita padha kanthi teguh ing pracaya sowan ing ngarsané Allah, 22lan apa baé kang padha kita suwun, bakal kaparingaké marang kita, amarga kita padha netepi sakèhing pepakoné sarta nglakoni apa kang ndadèkaké keparengé. 23Anadéné pepakoné iya iku, supaya kita padha pracaya marang asmané Yésus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnan cundhuk karo pepakon kang kadhawuhaké déning Panjenengané marang kita. 24Sapa kang netepi sakèhing pepakoné, iku dumunung ana ing Allah, lan Allah ing wong iku. Déné anggon kita padha sumurup yèn Allah dumunung ana ing kita iku sarana Roh kang wis kaparingaké marang kita.


I YOHANES 41Para Sadulurku kang kinasih, aja padha pracaya marang sadhéngah roh, nanging roh-roh iku tlitinen, apa asalé saka Allah; amarga akèh nabi palsu kang jumedhul lan ndlajahi sajagat kabèh. 2Anggonmu padha ngerti yèn iku Rohing Allah, mangkéné: Saben roh kang ngakoni menawa Yésus Kristus wis rawuh dadi manungsa, iku asalé saka Allah. 3Lan saben roh kang ora ngakoni Yésus, iku asalé ora saka Allah. Roh iku rohing antikristus, kang wis padha kokrungu wartané yèn bakal teka, lan samengko wis ana ing jagat. 4Anak-anakku, kowé kabèh iku asalé saka Allah lan wis padha ngalahaké para nabi palsu iku; sabab Roh kang dumunung ana ing kowé iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagat. 5Wong-wong iku asalé saka jagat, mulané kang padha diucapaké iku iya prakara-prakara kadonyan, lan jagat ngrungokaké. 6Kita iki asalé saka Allah; sapa kang wanuh marang Allah, iku padha ngrungokaké marang kita. Wong kang asalé ora saka Allah iku ora ngrungokaké marang kita. Kaya mangkono titikané Rohing kayektèn karo rohing panasaran. 7Para Sadulur kang kinasih, payo kita padha tresna-tinresnan, amarga katresnan iku asalé saka Allah, lan saben wong kang nindakaké katresnan, iku lairé saka Allah lan wanuh karo Allah. 8Sapa kang ora nindakaké katresnan, iku ora wanuh karo Allah, sabab Allah iku katresnan. 9Katresnané Allah iku kababaraké ing antara kita, yaiku Allah wis ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagat supaya kita padha urip marga déning Panjenengané. 10Katresnan iku mangkéné: Dudu kita kang wis padha tresna marang Allah, nanging Allah kang wis nresnani kita lan wis ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita. 11Para Sadulur kang kinasih, sarèhné nganti samono anggoné Allah nresnani kita, mulané kita iki iya padha kuwajiban tresna-tinresnan. 12Ora ana wong kang tau ndeleng marang Allah. Menawa kita padha tresna-tinresnan, Allah tetep dumunung ana ing kita, lan katresnané iku sampurna ana ing kita. 13Kaya mangkono anggon kita padha sumurup yèn kita tetep ana ing Panjenengané, lan Panjenengané ana ing kita, amarga Panjenengané wus maringaké Rohé marang kita. 14Lan aku kabèh wis padha ndeleng lan neksèni yèn Sang Rama wis ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagat. 15Sapa kang ngakoni yèn Yésus iku Putrané Allah, Allah tetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ing Allah. 16Kita iki wis padha nyumurupi lan pracaya marang katresnané Allah marang kita. Allah iku katresnan, lan sapa kang tetep dumunung ing katresnan, iku tetep ana ing Allah, lan Allah ana ing wong iku. 17Katresnané Allah iku sampurna ana ing kita, yaiku menawa kita padha tatag ing pracaya ing dina pangadilan, awit kayadéné Panjenengané, kita uga ana ing donya kéné. 18Sajroning katresnan ora ana rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbéngkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnané. 19Anggon kita padha tresna iku, amarga Allah wis luwih dhisik nresnani kita. 20Menawa ana wong kang muni, "Aku tresna marang Allah," nanging sengit marang saduluré, iku wong goroh. Awit sapa kang ora tresna marang saduluré kang katon, mokal bisa nresnani Allah kang ora katon. 21Iki dhawuh timbalan saka Panjenengané: Sapa kang tresna marang Allah, iku iya kudu nresnani saduluré.


I YOHANES 51Saben wong kang pracaya menawa Yésus iku Kristus, iku lairé saka ing Allah, lan saben wong kang tresna marang kang mutrakaké, iku iya tresna marang kang diputrakaké Panjenengané. 2Anggon kita mangerti yèn kita padha nresnani para putraning Allah, yaiku menawa kita padha tresna marang Allah sarta netepi pepakoné. 3Amarga iya iki katresnan marang Allah, yaiku yèn kita padha netepi pepakoné. Pepakon-pepakoné iku ora abot, 4amarga kabèh kang lair saka Allah iku ngalahaké jagat. Lan iki kaunggulan kang ngalahaké jagat, yaiku: pracaya kita. 5Sapa ta kang ngalahaké jagat, kajaba wong kang pracaya menawa Yésus iku Putrané Allah? 6Iki Panjenengané kang rawuhé sarana banyu lan getih, yaiku Yésus Kristus, ora mung kalawan banyu baé, nanging kalawan banyu lan getih. Déné Roh iku kang paring paseksi, amarga Roh iku kayektèn. 7Awit ana telu kang padha paring paseksi [ana ing swarga: Rama, Sang Sabda lan Roh Suci; sarta kateluné iku siji. 8Lan ana telu kang dadi seksi ana ing bumi]: Roh lan banyu sarta getih lan kateluné iku siji. 9Kita padha nganggep marang paseksiné manungsa, ananging paseksiné Allah iku ngluwihi. Amarga iki paseksiné Allah, yaiku: Panjenengané aneksèni mungguhing Kang Putra. 10Sing sapa pracaya marang Putraning Allah, iku nduwèni paseksi mangkono ana ing batiné; sing sapa kang ora pracaya marang Allah, iku nganggep Panjenengané dora, amarga ora ngandel marang paseksi kang wis kaparingaké Allah mungguhing Kang Putra. 11Anadéné paseksiné yaiku: Allah wus maringaké urip kang langgeng, lan urip iku dumunung ana ing Sang Putra. 12Sapa kang nduwèni Sang Putra, iku nduwèni urip. Sapa kang ora nduwèni Putraning Allah, iku ora nduwèni urip. 13Kabèh iku mau daktulis marang kowé, supaya kowé kang padha pracaya marang asmané Putraning Allah, padha sumurupa yèn kowé kabèh iku padha nduwèni urip langgeng. 14Anggon kita tatag ing pracaya marang Panjenengané, jalaran Panjenengané mesthi nyembadani pandonga kita, samangsa kita nyuwun apa-apa marang Panjenengané, kang nyondhongi ing karsané. 15Lan menawa kita padha sumurup yèn Panjenengané nyembadani apa baé, kang kita suwun, dadiné kita padha sumurup uga, yèn kita wis tampa apa kang kita suwun marang Panjenengané. 16Menawa ana wong kang weruh saduluré tunggal pracaya nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakaké pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengané bakal maringi urip marang wong iku, yaiku kang padha gawé dosa kang ora nekakaké pati. Ana dosa kang nekakaké pati: Yèn tumrap iku, aku ora akon ndongakaké. 17Sakèhing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakaké pati. 18Kita sumurup, yèn saben wong kang lair saka Allah iku ora gawé dosa, nanging kaayoman déning Panjenengané, kang miyos saka ing Allah, temah si pangawak dursila ora bisa nggepok wong mau. 19Kita sumurup, yèn asal kita saka ing Allah, lan sajagat kabèh kawengku déning pangawak dursila. 20Nanging kita padha sumurup, yèn Putraning Allah wis rawuh sarta wis maringi pangertèn marang kita, supaya kita wanuh marang Kang Sejati; lan kita dumunung ana ing Kang Sejati, ana ing patunggilané Kang Putra Yésus Kristus. Panjenengané iku Allah Kang Sejati lan gesang kang langgeng. 21Anak-anakku, padha diwaspada marang sakèhé brahala.

http://www.bible.is/JAVNRF/1John/1/D

Nenhum comentário:

Postar um comentário